Pages

Diberdayakan oleh Blogger.

Senin, 01 September 2014

pidato bahasa jawa



PIDATO BAHASA JAWA
LARANGAN MERAYAKAN VALENTINE’S DAY
Assalamu’alaikum wr.wb
Alhamdulillah washalatu wassalamu ‘ala ashrofil anbiyai walmursalin wa’ala alihi washabihi ajma’ain. Amma ba’du.
Puji syukur kita panjatkan  dumateng Allah SWT atas hidayah, taufiq lan inayah saha sedaya kanugrahanipun. Shalawat lan salam mugi konjuk dhumateng kanjeng Nabi Muhammad SAW ingkang sampun paring mapinten-pinten paugeraning agesang.

Para kanca, menawi kita gatosaken kanthi trewaca kahanan masyarakat kita wiwit awal sasi februari, pinten pinten media massa, mall, pusat pusat hiburan, restoranlan liya-liyane sami sibuk damel persiapan saperlu ngawontenaken pesta ria remaja ing tanggal 14 februari ingkang biasanipun ngantos ndalu, kawastanan valentine’s day ingkang dipun maknani “hari kasih sayang”. Para remaja sami suka-suka kempal ing ngriku kakung lan putri, kintu kartu, cokelat, kembang, tukar pasangan, curhat, tresna-tresnaan, malah wonten ugi ingkang keblabasen.
Minangka tiyang Islam, prayogi mangertosi asal-usulipun valentine’s day, supados mboten tumindak kelentu, bilih wonten ingkang nyariosaken babagan valentine punika yakni nyebataken bilih Raja Claudius 2 anggep bilih tiyang mboten krama utawi para bujangan menawi majeng ing palaganlangkung tabah tinimbang ingkang sami krama. Malah mboten sekedik tiyang ingkang sampun krama sami nolak wajib militer. Pramila Claudius 2 nglarang rakyatipun sami krama.
St. Valentine mboten sarujuk, malah kepara nikah-nikahaken rakyat Romawi ing grejanipun ingkang akhiripun Valentine dipunkunjara. Lajeng ing salebeting kunjara tepangan kaliyan setunggaling wanita putrinipun ingkang njagi kunjara. Tepang sebab dene si wanita wau sakit lajeng dipunobati dneing Valentine ngantos saras.
Saderengipun kapidana pejah, Valentine ngintu setunggal kartu dhateng wanita wau ingkang kaserat “ska pria kang tulus tresnane, Valentine.” Punika kedadosan nalika wanita wau sampun mlebet agami Nasrani.
Para kanca, makaten wau sejarahipun Valentine’s day ingkang sedaya wau sumberipun inggih saking agami sanes lan tradisi sanes saha kangge mengenang perjuangan Pastur St. Valentine ingkang kapidana pejah ing tanggal 14 februari. Pramila eman eman sanget menawi kaum muslimin sami tumut-tumut nimbrung malah kepara getol ngawontenaken upacara Valentine’s day. Malah ing wekdal sapunika kartu perayaanipun dipun gambare larte alit mawi semawi miber ngubengi gambar ati ingkang sajatosipun lmbang wau minangka lambang dewa cinta tumrap bangsa Romawi. Padahal Allah SWT sampun ngengetaken kita, “Lan aja pisan-pisan sira ngetutake perkara kang sira dhewe ora ngerti perkarane, satemene pangrungu, pandeleng, lan ati kabeh mau bakal dijaluki pertanggung jawaban”.
Para kanca,kita mboten perlu ngraos asor sebab dene mboten wonten valentine’s day, kita sampun gadah perayaan piyambak ingkang mewarni-warni, wonten Idul Fitri, Idul Adha, Maulid Nabi lan taksih kathah sanesipun. Ingkang pantes kita kenang minangka hari kasih sayang, inggih punika kasih sayang dhateng lare yatim tepatipun ing tanggal 10 Muharram. Wondene perayaan ingkang sipatipun nuruti nepsu utawi pacaran kados dene dnen Valentine’s Day panci mboten wonten ing agama kita, sebab ingkang mekaten wau mbebayani.
Mugi-mugi nalika tiyang non muslim ngawontenaken hura-hura kados denen Valentine’s day, kita ugi ngawontenaken kegiatan ing positif. Mugi-mugi Allah SWT tansah paring hidayah dhumateng kita sedaya.
Wassalamu’alaikum wr.wb.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

 

Blogroll

Cute Bow Tie Hearts Blinking Blue and Pink Pointer

Blogger templates